Minggu, 13 April 2014

JANJIKU




Yen ada angin midid saka lumahing segara
lan ombak-ombak gumulung ngranggeh pesisir
aku eling marang bumiku kinasih
nanging uga eling marang pribadiku 
sing isih ringkih
banjur apa sing bisa dak pisungsungake
marang bumiku Indonesia kang dak tresnani

Oh, saupama aku bisa
aku kepingin atur pisungsung lan lelabuhan
kanggo bumiku, bangsaku lan negaraku
nanging iki dina
pangerten, kabisan & pengalamanku isih cupet
aku isih kudu sinau
nggegilut sawernaning ngelmu
kanggo sangu leladi ing tembe mburi

Jroning ati aku janji
marang Gusti lan Ibu Pertiwi
marang gurunadi lan yayah wibi
ing mbesuk lamun wis tumeka wanci
aku saguh cancut gumregut
urun udhu pikir rasa bandha wektu lan bau suku
kanggo kiprah ing madyaning pembangunan
tumuju Indonesiaku sing adil lan makmur
nadyan kapeksane aku kudu korban jiwa raga
bebasan ragaku putung binalangna
lan ajur sinawurna
aku rila,
sauger kanggo aruming nusa lan bangsa



2 komentar:

  1. Mugo-mugo klakon kabeh janjimu yo mas...tak dongane soko adoh mugo2 ndang dadi dokter sing migunani kanggo negara lan bongso...dadi dokter sing iso nulung rakyat cilik sing butuh pitulungan...

    BalasHapus
  2. Amin amin. Matur nuwun mbakyu...

    BalasHapus